Kumpulan Ucapan Selamat Tahun Baru Imlek Bahasa Jawa Ngoko

- 28 Januari 2022, 11:48 WIB
Ucapan Selamat Tahun Baru Imlek Bahasa Jawa Ngoko. (Ilustrasi)
Ucapan Selamat Tahun Baru Imlek Bahasa Jawa Ngoko. (Ilustrasi) /Instagram

KARANGANYARNEWS - Inilah kumpulan ucapan selamat Tahun Baru Imlek 2573 Kongzili atau Tahun Baru Imlek 2022. Ucapan selamat ini kami bagikan dengan bahasa Jawa ngoko.

Seperti diketahui tahun baru Imlek 2573 Kongzili jatuh pada 1 Februari 2022. Secara siklus, tahun baru nanti memasuki Tahun Macan Air.

Nah, ini dia kumpulan ucapan selamat Tahun Baru Imlek 2022 bahasa Jawa Ngoko yang kami adaptasi dari berbagai sumber top markotop.

Baca Juga: 50 Doa, Harapan, Kata Bijak Ucapan Selamat Tahun Baru Imlek 2022 Bahasa Inggris

=======

Muga muga ing tahun Macan Banyu iki awakmu lan sak kaluwarga bakal binerkahan, hoki, lan duwe kabegjan. Gong Xi Fa Chai ya Ci, Ko, Bah, Nyah.

=======

Sugeng Mengeti Warsa Enggal Imlek Kongzili Kalih Ewu Gangsalatus Pitungdasa Tiga. Mugi-mugi ing Warsa Macan Toya mangke panjenengan cicincici, Koko Koko, Babah Babah lan nyonah nyonyah tansah binerkahan lan seger sumyah atur puji karya Raharja. Gong Xi Fa Chai.

=======

Muga muga ana ing Tahun Macan Banyu mengko, awake dhewe Kabeh makmur, sehat, lan samsayan kasil anggone kerja utawa dodolan. Gong Xi Fa Chai.

Baca Juga: 50 Doa, Harapan dan Ucapan Selamat Tahun Baru Imlek 2573 Bahasa Indonesia

=======

Mugi berkah saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansah kirim kewarasan, kaberkahan, lan hoki. Sugeng Imlek nggih. Gong Xi Fa Chai 

=======

Muga-muga ing Tahun Macan Banyu iki, awakmu waras-wiris, wis ora maneh gampang masuk angin utawa lara weteng, lan Kabeh utang-utangmu bakal lunas sak durunge titi wanine nyaur. Gong Xi Fa Chai.

=======

Setan ora doyan, dhemit ora ndulit. Aja lali ndedonga sanadyan namung sedhilit. Sugeng Imlek ya. Muga muga Bae awakmu samsaya sukses ana ing perkara becik. 

Amarga becik iku ketitik, ala iku ketara.

Gong Xi Fa Chai

Baca Juga: 30 Twibbon Imlek 2022 Gambar Macan Air dan Anime Lucu Tanpa Watermark

=======

Sukses terus ya ana ing tahun baru mengko. Aja lali angpaune. Gong Xi Fa Chai.

=======

Sanadyan durung bisa nonton barongsai lan Liong, aku tetep kudu menehi selamat tahun baru Imlek. Muga-muga samsaya sukses anggonmu mbukak toko. Gong Xi Fa Chai.

=======

Aja besengat-besengut. Yen atimu susah ayo gek ndang tetep mesem. Ora ilok, tahun anyar kok mbedhedheg atine. Gong Xi Fa Chai. Muga-muga warung toko, salon, lan pabrikmu samsaya moncer lan dadi dalan saka Gusti Allah kanggo agawe makmure manungsa. 

=======

Aku mung bisa ngarep lan ndedonga, muga-muga ana ing Tahun Macan Banyu iki awakmu samsaya bergas waras kanggo ngadhepi sak ben kahanan kanthi kasil gedhen. Gong Xi Fa Chai.

Baca Juga: 7 Hal Sepele yang Pantang Dilakukan saat Imlek

Demikian tadi ucapan selamat Tahun Baru Imlek bahasa Jawa yang kami persembahkan untuk para pembaca setia yang budiman. ***

Editor: Abednago Afriadi

Sumber: Weshese MSG


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah