Khutbah Idul Adha 1443 H Bahasa Jawa: Lengkap Bacaan Arab dan Doanya

- 8 Juli 2022, 20:14 WIB
Bahasa Jawa, khutbah Idul Adha boleh disampaikan dengan bahasa apa saja. Namun, lebih afdhol jika disampaikan dengan bahasa yang dipahami  jemaahnya
Bahasa Jawa, khutbah Idul Adha boleh disampaikan dengan bahasa apa saja. Namun, lebih afdhol jika disampaikan dengan bahasa yang dipahami jemaahnya /dok muh.or.id/

Mula pikiro kepriye pendapatmu!” dheweke (Ismail) njawab, “wahai Bapaku! lampahaken punapa ingkang dipunutus (Allah) dhateng panjenengan sampeyan; insya Allah panjenengan bakal semerep kula kelebet tiyang ingkang sabar.”

Mula nalika lorone wis pasrah lan dheweke (Ibrahim) ngrebahaken anake dhuwur pelipise, (kanggo nindakake prentah Allah).

Baca Juga: Niat Puasa Dzulhijjah Jelang Idul Adha dan Keutamaannya

Banjur kito panggil dheweke, “Wahai Ibrahim! Tenane, siro wis mbeneri ngimpi iku.” Tenan, mangkono lah kito menehi walesan marang wong-wong kang tumindak apik. Sabenere iki bener-bener siji ujian kang nyata.

Lan kito tebus anak iku karo siji sembelihan kang gedhe. Lan kito abadikan kanggo Ibrahim (pujian) ing kalangan wong-wong kang bakal teka, “Slamet sejahtera kanggo Ibrahim.” Mangkono lah kito menehi walesan marang wong-wong kang tumindak apik.

Hadirin jama’ah salat ‘idul adha rahimakumullah, saking kutipan ayat ing inggil sampun jelas sanget bilih Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS nampi setunggaling perintah saking Allah SWT, setunggaling perintah ingkang luar biasa abotipun.

Baca Juga: Lafal Niat Puasa Arafah 9 Dzulhijjah Jelang Idul Adha, Arti dan Keutamaannya

Nabi Ibrahim AS ingkang saat meniko kepingin sanget nggadhahi puta jaler ingkang dipunajeng-ajeng dados penerus perjuanganipun, nanging nalika piyambakipun ndonga lan dipunkabulaken dening Allah SWT kelawan lahiripun bayi ingkang kaparingan asma Ismail.

Lajeng kala sampun umur, Nabi Ibrahim AS angsal perintah saking Allah SWT supadaos nyembelih putra kesayanganipun. Kelawan sangu ketaatan, kesabaran, keikhlasan ing ndalem nglampahaken Perintahipun Allah.

Mboten disangka-sangka nalika Ibrahim badhe nyembelih Ismail, ing ndalem sakedheping mripat, Allah nggantosaken Ismail kaliyan setunggal menda domba.

Halaman:

Editor: Kustawa Esye


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah